DUMADINE DESA BAKARAN, JUWANA
“Aku gelem nampa lamaranmu yen awakmu bisa gaweke pitung sumur kanggo aku.”
”Ya, Ageng yen mung kuwi panjalukanmu bakal tak turuti.” “Nanging kang tak jaluk sesuk kudu wis rampung.”
“Sesuk, apa Ageng sesuk kudu wis dadi ora salah kuwi?”
“Ya sesuk, piye awakmu sanggup ora?”
“Ya, Ageng. Aku sanggup.” Jaka
kuwi mau akhire gelem nyagohi gaweke pitung sumur kanggo Nyi Ageng.
Nanging Nyi Ageng bingung amarga dheweke bisa gawe pitung sumur.
Jaka mau njaluk rewang lelembut lan
bangsa alus (setan, jin, dhemit, gendruwo lan saliyane). Akhire Nyi
Ageng duwe cara kang bisa nggagalke kuwi mau. Dheweke ning sawah
nglumpuke dami kang arep diobong ning tengah sawah. Dheweke uga ngongkon
wong neng desa numbuk lesung. Para lelembut lan bangsa alus kuwi mau
akhire ora bisa ngrewangi nganti rampung amarga dikira wis wayah esuk.
Bangsa alus kuwi mau wedi yen ana srengenge.
Dami sing diobong neng tengah sawah mau
dikira srengenge arep mlethek. Suarane lesung sing saut-sautan lan wayah
jago kluruk. Kabeh kuwi mau nandhake yen wis wayah esuk. Nyi Ageng kuwi
salah sijining tokoh wira ning desa Bakaran. Dheweke uga kang jenake
desa Bakaran. Nyi Ageng ora ninggal, nanging dheweke muksa sapa kang
bakal pengin ketemu kuwi bisa. Nanging kabeh ana syarate mbuh kuwi pasa
muteh utawa pasa Senin Kemis lan sapiturute. Dheweke uga ninggal
unen-unen kanggo anak putune sing urip ning desa Bakaran.
Unen – unen kuwi kaya ngene unine: “He
anak putuku kang ana ing Bakaran. Supaya awakmu urip ing Desa Bakaran,
bisa slamet uripe, uga wareg sandhang lan pangan, mula awakmu aja
wani-wani nglanggar larangan sing daksebutake kaya ing ngisor iki:
1. Aja dodol sego
2. Aja medel (wenter kain batik)
3. Aja mande (obong-obongan)
4. Aja gawe omah saka bata abang”
1. Aja dodol sego
2. Aja medel (wenter kain batik)
3. Aja mande (obong-obongan)
4. Aja gawe omah saka bata abang”
“Kuwi pawelingku kanggo anak putuku
kabeh kang ana ning desa Bakaran. Dadi ing ngendi wae papan panggonanmu
yen awakmu asli wong Bakaran aja nganti lali karo apa sing wis
dakwelingake.”
“Aja dodol sego!” miturut wong
Jawa wong dodol sego kuwi ora apik. Sego kuwi panganan pokok, kang
dipangan saben dina. Dodol sego kuwi padha karo adol rejekine dhewe.
Sego kuwi luwih becik diwenehke katimbang didol. Oleh adol sego nanging
kudu mbok olah ora mung rupa sego. Sego kuwi bisa diolah dadi lontong,
bubur, sego mener lan sego loyang, lan saliyane. Dadi yen awakmu
kepengin dodol sego kuwi ana usahane masak lan liya-liyane. Ora mung
rupa sego nanging bisa digawe macem –macem, uga maneka warna bentuk lan
rasane.
“Aja medel (wenter kain batik)!”
pancen bener Bakaran kuwi wis kawentar batik tulise lan trasi Bakarane.
Nyi Ageng biyene seneng nganggo batik tulis lan jarikan. Dheweke saben
dina uga nganggo tapeh tulis. Wong Bakaran uga duweni ketrampilan pinter
mbatik. Nyi Ageng kuwi wanti-wanti aja nganti medel amarga kerjane
gedhe bebaya. Saben dina kudu ing cedhake geni terus lan banyu umub,
mula wedine yen ana kobongan lan kutahan banyu umub. Nyelup batikan kuwi
kudu ati-ati amarga panas banget. Yen ora bisa ora usah, amarga malah
bisa kutahan banyu umub kang dienggo medel batik.
“Aja mande obong-obongan!”urip
ing Bakaran iki pancen akeh aturan nanging kepenak. Wong Bakaran aja
nganti mande yakuwi kaya wong gawe wesi kaya ngelas wesi. Kuwi bebayane
gedhe amarga bisa ngrusak mpripat. Pusate jagad kuwi ya mung mpripat.
Yen mpripate wis ora loro lan ora bisa
ndeleng mula jagad iki rasane petheng dhedhet. Kanggo njagani kabeh kudu
ati – ati. Kejaba ngrusak mpripat uga bisa ngrusak saliyane. “Aja gawe omah saka bata abang!” pundhen Bakaran kuwi digawe saka bata abang. Punden kuwi biyene omahe Nyi Ageng dhewe.
Saiki didandani kanggo ngurmati Nyi
Ageng. Dheweke ora kepengin, ana wong liya kang bisa ngembari. Mula wong
Bakaran kabeh omahe saka bata putih. Kejaba wong kang isih mamang lan
durung mantep. Omahe digawe saka bata separo abang, kang separo bata
putih. Bata abang kuwi asale uga saka obong-obongan. Ing sacedhake
pundhen kuwi uga ana sumur gawenane priya sing tau seneng dheweke.
Sabenere wong Bakaran kuwi ora oleh nggawe sumur ing jero omah. Ing
njero sumur kuwi ora ana banyune. Lha banyu kuwi sumbere kanggo kabeh
manungsa supaya bisa urip. Kang mbutuhke banyu kuwi wong akeh ora mung
awake dheweke. Wong liya uga butuh banyu kanggo saben dinane. Mula
sumure aja didokok ing jero omah nanging didokok ing sajabaning omah.
Kuwi banyu sumbere wong urip. Sumur kang sacedhake pundhen kuwi jenenge
sumur tiban amarga kanggo sumpah-sumpahan. Kuwi kanggo nduduhake kang
salah bakale seleh lan sing bener bakal mujur. Nganti saiki sumur
banyune isih tetep bening.
Nyi Ageng kuwi wong wadon sing ayu
rupane. Mula kabeh priya seneng lan kedanan karo dheweke. Wong tuane
kuwi biasa uripe uga sedherhana. Kawit cilik dituturi uripe kuwi mung
sepisan mula kudu apik marang apa wae. Nanging watake kuwi ana sing
nurun ibune uga ana kang nuruni bapake. Wong tuwane kuwi duwe sawah
nanging ora digarap dhewe. Senenge sawahe digarapake wong liya. Ageng
biasane ngrewangi ibune mbatik neng omah. Kuwi salah sijining watak kang
nuruni ibune. Bapake semana uga kejaba seneng sawahan dheweke uga
seneng adu jago. Jarene adu jago bisa ngilangake pikiran sing lagi
judheg. Nyi Ageng uga seneng dolanan pitik jago. Saben dina, Ageng
mesthi dijak bapake ndeleng adu jago. Nyi Ageng putri kinasih bapake.
Dadi dheweke uga pinter ngrumat pitik kuwi mau, amarga saben dina
dheweke weruh bapake piye carane ngrumat jagone. Nyi Ageng duwe sedulur
lanang nanging wis ninggal. Kangmase ninggal sadurunge dheweke lair,
mula Ageng kuwi dieman-eman. Kepengine bapake Nyi Ageng kuwi dadi bocah
wadon sing kuwat lan wani. Jeneng asline kuwi Niken Banowati nanging
jeneng cilikane Sabirah. Tegese kuwi supaya besuk dadi wong sing sabar
lan tabah ngadhepi cobaan urip ing donya.
Nyi Ageng urip ing Bakaran wektu jamane
transisi Kerjaan Majapahit ning Kerajaan Demak kuwi abad 16. Ibune Ageng
batikane wis kawentar ing mancanegara. Ibune Ageng kuwi jenenge Niken
yen bapake jenenge Bono. Banjur duwe anak dijenengke Niken Banowati.
Sawise kuwi Ibune Ageng ninggal amarga kutahan banyu umub olehe medel.
Mula ibune sadurunge ninggal pesen karo Nyi Ageng.
Kaya ngene pesene: “Ndhuk Ageng, besuk turuna karo anak putumu aja konggon medel, salah siji wae sing nglakoni kaya aku iki.”
“Injih, Bu!”
“Uga aja adol sego, ya ndhuk yen ana wong sing njaluk mangan wenehana. Adol sego kuwi padha karo adol rejekine awake dhewe.”
“Injih bu, Ageng manut sedaya pesen ibu.”
“Pokoke aja sing obong-obongan, ya ndhuk!”
“Injih bu, percayaa karo Ageng.”
“Ibu, uga nitip bapak dirumat sing apik.”
“Ibu, Ageng aja ditinggal.” Ibune Ageng banjur ninggal.
Kaya ngene pesene: “Ndhuk Ageng, besuk turuna karo anak putumu aja konggon medel, salah siji wae sing nglakoni kaya aku iki.”
“Injih, Bu!”
“Uga aja adol sego, ya ndhuk yen ana wong sing njaluk mangan wenehana. Adol sego kuwi padha karo adol rejekine awake dhewe.”
“Injih bu, Ageng manut sedaya pesen ibu.”
“Pokoke aja sing obong-obongan, ya ndhuk!”
“Injih bu, percayaa karo Ageng.”
“Ibu, uga nitip bapak dirumat sing apik.”
“Ibu, Ageng aja ditinggal.” Ibune Ageng banjur ninggal.
Saiki dheweke urip mung gari bapake.
Benggang sedala bapake uga nyusul bojone. Nyi Ageng wis ora duwe
sapa-sapa meneh. Ora duwe sanak lan kadhang. Dheweke urip ing desa
dhewe. Bapake uga pesen yen dheweke kudu ngrumati jagone. Amarga jagone
kuwi kang bakal bisa jaga awake yen ana wong kang bakal tumindhak ora
becik. Kejaba batike ibune kawentar bapake semana uga wis kawentar
anggone adu jago. Ora let suwe bapake uga ninggal amarga kaget wong kang
wis dipercaya malah mbejani janji. Wong kuwi ora liya ya mung rewange
Nyi Ageng dhewe. Amarga dheweke wis kancanan karo Dampo A Wang kang
licik. Rewang kuwi di iming-imingi dhuwit akeh. Asale dheweke bisa
ngalahke lan ngancurke Nyi Ageng. Krungu warta berita kaya ngana bapake
banjur kaget. Sawahe bapake bangkrut lan uripe Nyi Ageng wis ora kaya
biyen. Saben dina biyen rasane ayem lan tentrem. Ora kaya saiki saben
dina mung tansah ngalamun jalaran lelakon urip kang lagi ditampa. Kejaba
ngana bapake uga wis sepeh lan duweni penyakit kagetan. Dheweke ora
ngira lan ora nyangka yen rewange bakal tumindak ora becik. Dheweke
padha karo ditulung nanging malah menthung. Nyi Ageng mung bisa sabar
lan tabah ngalami urip kang lagi entuk cobaan.
Sawise kedadean kuwi lan sadurunge bapake
ninggal, Nyi Ageng diwanti-wanti bapake supaya aja gampang percaya karo
wong liya. Jalaran wong liya saiki ora bisa dicekel omongane. Kejaba
kuwi uga sering mblenjani janji. Luru wong jujur ora dhek biyen lan ora
saiki kuwi pancen angel. Lambe kuwi larang regane. Ajining dhiri
gumanthung ing lathi. Nyi Ageng saiki uga seneng dolanan pitik. Ing
salah siwijining dina ana saudhagar saka China jenenge Dampo A Wang
dhewe kepengin mertamu ing omahe Nyi Ageng, jenenge wis kawentar ing
tlatah Pati. Dampo A Wang seneng karo Nyi Ageng amarga ayune
kinyis-kinyis wong lanang ngendi kang ora kedanan. Nanging Nyi Ageng ora
weruh yen dheweke disenengi. Nyi Ageng dijak adu jago karo Dampo A
Wang. Sebenere dheweke kepengin duwe pitik kaya Nyi Ageng kang menangan
dhewe. Saben tarung jagone ora tau kalah. Saiki Dampo A Wang wis ngerti
Nyi Ageng kuwi senengane adu jago mula dheweke banjur ngajak tarung.
Dheweke uga ngerti jago kaya ngapa kang bakal dienggo tarung. Dheweke
ngerti saka wong liya kang wis mudheng Nyi Ageng.
Nanging wong kang takoni ora ngerti yen
dheweke bakal tumindhak ala karo Nyi Ageng. Nanging ing ngendi wae becik
bakal kethithik lan ala bakal ketara. Wong jujur bakal mujur, lan wong
gawene ngapusi bakal konangan dhewe. Dampo A Wang sadurunge mertamu ing
omahe Nyi Ageng dhewe takon-takon Nyi Ageng. Dheweke kepengin weruh apa
kang bisa ngalahke Nyi Ageng. Dheweke yen bisa uga kepengin mboyong Nyi
Ageng dadi garwane. Dheweke kuwi licik, biasa wong China ya ngana kae.
Dheweke senengane yen tarung ora tau jujur, dheweke mesthi licik lan
ana-ana wae alasane. Nanging Nyi Ageng durung ngerti yen musuhe duweni
tumindhak kang ala. Wiwit ketemu Nyi Ageng kuwi wis ora seneng.
Tindak-tanduke kang ora sopan lan andhap-asor. Kawit pisanan kuwi ora
bakal seneng amarga tumindhake kang ora ngerti unggah-ungguh, lan tata
krama. Sing dibanggakake mung negarane dhewe, yen negara China kuwi
negara kang paling apik. Ya entuk-entuk wae ngapik-ngapik negarane lan
ya pancen ora salah. Nanging mbok ya ndeleng papan panggonane. Wis
diunekake salin jaman salin tatanan, salin enggon salin kedhaton. Kuwi
rak wis jelas yen ngono kudu ngerti. Ing ngendi wae ana tata krama. Mung
wae kudu eling papan siji karo sijine. Desa siji karo desa liyane.
Kutha kae karo kutha anu.
Nagara kana karo nagara kene. Ora kabeh
padha. Ana tata krama kang mung kanggo ing papan wates. Ana tata krama
kang kanggo ing bebrayan umum. Ana tata krama kang wong sejagad.
Ngecakake tata krama kuwi kudu empan papan. Ngelingi papane, ngelingi
siuasi lan kondhisine. Ora kena digebyah uyah. Ing ngisor iki ana
pacelathon antarane Dampo A Wang lan Nyi Ageng :
“Piye Ageng yen adu jago, jarene jago ngonanmu menang terus.”
“Ya, ora papa.”
“Wani tenan apa ora, sajake kok menangan jagone kaya apa ta?”
“Jagone, jago Lurik.”
“Paling-paling musuh jagoku pisan terus kalah.”
“Dadi wong kuwi aja kokean sumbar kuwi ora becik.”
“Kuwi rak miturut wong Jawa, nanging yen China rak ya ora ngana kuwi.”
“Ya, mula dakkandhani bener awakmu wong China, nanging saiki awakmu rak neng Jawa.”
“Oalah ngana, ta?” (nanging omongane sajak karo ngece). “Injih.” (dheweke jawabe isih tetep alus). Dampo A Wang bisa nyulap palu dadi pitik keter.
Dheweke ngerti musuh kang bakal diadhepi
kuwi ora musuh kang gemen-gemen utawa baen-baen. Jenenge wis kawentar
ing ngendi wae. Mula dheweke kepengin ngalahke supaya Nyi Ageng isin.
Jago sing daden-daden kuwi mau pancen kuwat lan bisa diandelke. Wong
China kuwi pancen pinter-pinter nanging uga licik. Sapa wae bakal kalah
wong pitik musuh palu. Palu kuwi digawe saka wesi. Olehe adu jago kuwi
ning tengah sawah. Sepisanan jagone Nyi Ageng kalah amarga jalune wis
kena. Dheweke bingung pitik kang gawene menang terus kok bisa kalah.
Saben tarung karo sapa wae jagone mesthi menang. Bareng tarung karo
Dampo A Wang kok mak klepek. Nanging Nyi Ageng isih durung ngerti apa
jalarane.
Jagone saben dina wis dirumat kaya
pewelinge bapake. Nanging kok isih bisa kalah. Dheweke gumune ora jamak.
Dheweke terus curiga kro Dampo A Wang. Wong China kawi licik-licik lan
ora kena dipercaya. Dheweke wedi yen pitik kang didu tarung kuwi ora
pitik tenanan. Tegese pitik daden-daden. Ya palu kuwi mau barang kang
bisa disulap dadi pitik. Dheweke saiki banjur ngerti saka apa pitike
Dampo A Wang kuwi mau. Saking larane Nyi Ageng banjur ngamuk-ngamuk, “Titen
nana Dampo A Wang, jebul kaya ngono kuwi tumindak alamu. Wis aku ora
mung bisa nyulap palu nanging ganden (palu sing paling gedhe).
Tumindakmu kuwi wis pancen ora bisa dingapuro maneh. Wis cukup semene
wae lara atiku.” Nyi Ageng banjur nyulap gandhen dadi pitik jago.
Jenenge Jago Lurik. Ngerti tumindake Dampo A Wang kaya ngono dheweke
banjur mbales apa kang wis dilakoni Dampo A Wang karo dheweke. Adu jago
kuwi mau ana wektu sela kanggo leren sedhela. Wektu sedela kuwi digunake
Nyi Ageng kanggo nyulap ganden dadi jago sing kuwat. Cengger lan jalune
gedhe banget, yen ngantem kena mesthi klenger. Wis pokoke ora
tandhingane lan ora ana kang bisa ngalahake. Yen mung trima palu sing
disulap ora ana bedane padha wae bedhu. Wektu dheweke kalah, dheweke
kaya-kaya ana sing mbisiki kupinge. Lan ana swara, kuwi kaya swarane
kang wis tau kenal, kaya suara bapake.
Pancen bener dheweke diwenehi ali-ali
sing bisa dinggo nyulap gandhen dadi pitik. Bapake kuwi dadi wong tua
sing ngango surban lan nanggo klambi putih. Ali-ali sing diwenehke kuwi
bisa dienggo apa wae. Salah sijine yaiku mau bisa dinggo nyulap gandhen
(palu sing paling gedhe). Ali-ali kuwi sekti mandra guna. Jagone Dampo A
Wang mlayu sadurunge tarung bubar. Cengger lan jalu jagone Dampo A Wang
wis kena. Cenggere metu getihe akeh, jalune coklek. Wis pokoke jagone
dheweke kalah. Dheweke isin amarga wis sumbar bakal ngalahke musuhe
nanging kasunyatane dheweke ora bisa ngalahke Nyi Ageng. Kejaba kuwi
dheweke uga isin wong lanang kalah karo wong wadon. Nanging kawit cilik
kuwi Nyi Ageng diajari dadi bocah wadon sing wani amarga bener lan wedi
amarga salah. Dadi Nyi Ageng wiwit cilik wis kendel.Sajake Dampo A Wang
isih dendam karo Nyi Ageng. Dheweke sebenere isih kepengin nduweni Nyi
Ageng. Dheweke ora bisa nglaliake Nyi Ageng. Nanging Nyi Ageng tetep
nolak amarga wis ngerti tumindhake Dampo A Wang kang ala. Dampo A Wang
isih tetep nggudak-nggudak Nyi Ageng. Jarene nganti besuk isih bakalan
dienteni. Nyi Ageng bingung, dheweke kapengin lunga saka omah lan lunga
ngumbara. Dheweke akhire lunga lan mlaku ngliwati alas-alas. Nyi Ageng
lunga saka omah amarga dheweke wii ora duwe sapa – sapa. Wong tuane wis
ninggal semana uga sedulur siji-sijine uga wis ora ana.
Dheweke uga kepengin ngadoh saka Dampo A
Wang. Saben ketemu dheweke mesthi digudak gudhak Dampo A Wang. Dheweke
kepengin lunga supaya ora ketemu Dampo A Wang. Dheweke nanging kancanan
karo priya jenengne Demang. Kuwi kancane kawit cilik. Wong tuane biyen
uga tau kancanan.Nalika digudak-gudak Dampo A Wang, dheweke ditulungi
Demang. Banjur dheweke diajak neng omahe Demang. Supaya Dampo A Wang ora
ngerti lan ora ngudak-gudak maneh. Kejaba dheweke mesakake karo Nyi
Ageng. Sabenere Demang uga nduweni rasa tresna marang Nyi Ageng. Dheweke
ora wani jalaran wedi yen ditolak. Amarga kawit biyen dheweke wis
kancanan. Wektu mlaku ing tengah alas, dheweke krungu swara bayi nangis.
Bayi nangis kuwi mau arep dipangan macan. Dheweke ora tega banjur bayi
kuwi mau ditulungi. Bayi kuwi ngelihen banjur dilurokake panganan. Bayi
kang nemu ning alas kuwi lanang diwenehi jeneng “Sopo Nyono”.
Tegese kuwi, sopo nyono bayi kuwi isih urip ditinggal ing alas dhewekan
nganti arep dipangan macan. Sopo Nyono bayi kuwi saiki wis gedhe lan
bagus rupane. Nyi Ageng saiki uripe wis ora dhewekan. Bayi kuwi saiki
wis diangkat dadi anake. Mula dheweke saiki uga bingung yen bali ing
omahe biyen.
Wong durung duwe bojo kok wis duwe anak.
Mengko piye omongane wong ning desa. Dheweke mikir-mikir yen kepengin
balik neng omah. Amarga dheweke saiki wis ora dhewekan nanging nduweni
batur yaiku bayi sing nemu ing tengah alas. Bareng Dampo A Wang ngerti
yen Nyi Ageng lunga saka omah dheweke banjur ngongkon kancane nyamar
dadi Nyi Ageng kang palsu lan jahat. Kancane kuwi mau jenenge San Pho
Wang. Dheweke banjur teka ing desa lan ngaku-ngaku yen dheweke kuwi Nyi
Ageng. Dheweke dikongkon mbuktekake yen dheweke bener Nyi Ageng kang
asli mula, dheweke kudu bisa mbatik tulis. Kuwi gawean sing paling abot
amarga dheweke ora tau mbatik. Dheweke uga kudu bisa nyritakake kabeh
uripe wiwit cilik nganti gedhe. Dheweke bingung lan ora mudeng
apa-apa.Pagawean kang abot kuwi wis bisa digarap dheweke nyulap kain
dadi batik tulis. Dheweke mbuktekake yen bisa nggawe batik tulis.
Dheweke uga bisa mangsuli apa wae sing ditakonke wong desa marang
dheweke. Bisa nyritakake uripe awit cilik nganti gedhe. Dheweke bisa
weruh kabeh amarga diduduhke Dampo A Wang. Nanging saiki dheweke ora
sanggup nyamar dadi wong apik. Jalaran Nyi Ageng kuwi tindak-tanduke
apik. Ora kaya dheweke sing jahat ora duwe ati. Tega lan mentala karo
sapa wae. Dheweke uga ora tau mikirke wong liya.Saiki dheweke njaluk
bayaran, jalaran dheweke wis nglakoni kaya apa sing diperintahke. Bareng
dheweke ngerti Nyi Ageng sing asli rupane kaya apa.
Dheweke banjur seneng dhewe karo Nyi
Ageng. Loro karone malah seneng karo Nyi Ageng kabeh. Antarane Dampo A
Wang lan San Pho Wang banjur seneng karo Nyi Ageng kabeh. Dheweke njaluk
supaya Nyi Ageng bisa dadi duweke. Nanging Dampo A Wang ora trima yen
dheweke njaluk kuwi. Dampo A Wang kawit biyen uga wis seneng karo Nyi
Ageng. Nanging nganti saiki durung bisa duweni. Tresnane nganti
kepati-pati karo Nyi Ageng. Nyi Ageng kuwi wira amarga dheweke sing bisa
jaga Bakaran saka wong-wong sing pengin nguasani desa Bakaran. Nyi
Ageng kuwi bener-bener bocah wadon sing pinter, sabar lan apik ati. Mula
pancen bener yen wong lanang padha seneng marang dheweke. Kejaba ayu
rupane uga ayu atine. Nanging dheweke durung seneng urip bebrayan karo
wong lanang amarga wong akeh lanang kang padha ugal-ugalan. Wong lanang
kang apik bisa dietung nganggo driji. Sing ngenteni lan kang nglamar
nganti teka lunga. Pokoke jodho, pathi, lan rejeki kabeh kuwi ana sing
ngatur. Kabeh mau diatur Gusti kang Maha Kuasa. Akhire Nyi Ageng kang
asli wis bali ning desane, karo nggawa bayi. Dheweke banjur ceritake yen
nemu bayi saka alas. Wong-wong wis padha percaya. Banjur San Pho Wang
kuwi mau ketruduk yen dheweke Nyi Ageng palsu. Dheweke banjur njaluk
ngapura lan ngaku yen kang kongkon kuwi mau Dampo A Wang.
Dheweke banjur dihukum nanging hukumane
luwih ringan jalaran dheweke gelem jujur. Kabeh mau dhalange Dampo A
Wang. Nyi Ageng lan wong kampung kabeh ngukum Dampo A Wang. Jalaran
dheweke kang marai gawe ontran-ontran lan geger gember. Dampo A Wang
kuwi pancen musuh sing licik.Nyi Ageng duwe kanca jenenge Demang sing
tau seneng dheweke nanging ora wani kandha. Wong loro kawit cilik wis
kancanan. Wong tuane uga kancanan. Mula dheweke wis akrap karo kluargane
Demang. Akhire Demang wani nglamar Ageng lan lamaran mau uga ditampa
Ageng. Amarga wong loro kuwi padha tresnane. Demang banjur critake kabeh
kang ana ning jero isi atine marang Nyi Ageng. “Ageng sebenere awit
biyen aku wis seneng awakmu.” “Semana uga aku kangmas.” “Aku ora wani kandha jalaran biyen kene tau kancanen.” “Banjur…!” “Aku wedhi nek mbok tolak, lan mung mbok anggep kanca biasa lan hubungane kene ora bisa luwih saka kanca.” “Saiki terus banjur piye?” “Ngene lho wong ayu, apa awakmu gelem tak lamar lan urip bebrayan bareng karo aku.” “Injih kangmas, Ageng purun.”Kabeh
usahane kuwi jebule ana kang ngewangi. Kancane Nyi Ageng kang wiwit
cilikane wis seneng karo tindak-taduke Nyi Ageng. Jaka kuwi jenenge
Demang. Bocahe kuwi gedhe dhuwur lan bagus rupane. Dheweke uga ngerti
yen Ageng nemu lan didadekake anan angkat. Dheweke gelem nampa Ageng apa
anane. Saka kuwi Ageng uga tresna marang Demang lan nampa lamarane.
Dheweke banjur kawinan lan didadekake demang ing desa, jalaran pantes
karo jenenge.
Demang kuwi priya kang bakal bisa njaga
Ageng lan tanggung jawabe gedhe.Dampo A Wang saking lara atine amarga
ora ditampa lamarane. Mula dheweke banjur ngobong alas nganti entek
resik. Banjur Nyi Ageng jenengake desa kuwi dadi desa Bakaran. Jalaran
asale saka obong-obongan lan bakar-bakaran. Amarga alas kuwi mau amba
banget mula dibagi dadi loro. Bakaran Wetan lan Bakaran Kulon. Bakaran
Wetan kuwi bisa digawe dadi sawah. Semana uga Bakaran Kulon bisa digawe
dadi tambak. Loro karone bisa ngasilake pangan lan iwak. Dheweke uga
kepengin nguasai desa bakaran kang panggonane cedhak karo segara lan
pelabuhan. Dheweke kepengin nguasai usaha perdagangan. Pelabuhan kuwi
kang bisa nggabungke bandhar-bandhar gedhe kaya ing kutha Semarang.
Bakaran biyen akeh kang kepengin nguwasai kejaba cedhak segara uga ana
sawahe. Nanging saiki sawah ing Bakaran wis dadi tambak kabeh. Nyi Ageng
pundene ning Bakaran Wetan. Bakaran Kulon kuwi pundene sing lanang
yaiku Mbah Demang. Jenenge yen digandheng dadi Mbah Demang, Nyi Ageng.
Kaya ngana kuwi critane desa Bakaran kang nganti saiki isih wutuh kaya
ngana. Mlebu pundhen kuwi sandale kudu dicopot. Saben ana mantenan lan
bayi lahir kudu diubengke pundhen.
Kuwi kanggo duduhake marang Mbah Demang,
Nyi Ageng yen ana anak putune kang anyar. Kuwi kudu diubengke yen ora
mula bisa cilaka kabeh. Pundhen kuwi mau bisa kanggo nyekar. Desa
Bakaran kuwi akeh tradhisine lan larangane. Kuwi diturunake Nyi Ageng
lan saanak putune sing urip ing Desa Bakaran. Ing desa Bakaran uga tau
ana wong kuwi uripe pas-pasan. Jenenge Parmin dheweke nyambut gawe lunga
menyang lampung. Dheweke ning kaya digudak-gudak macan. Dheweke mulih
ning Bakaran maneh omonge jalaran ora krasan. Nanging dheweke tau
diweruhi wong tua nganggo klambi lan surban putih supaya jupuk lemah
saka pundhen Bakaran. Lemah kuwi dikonkon buntel nganggo mori putih lan
dikongkon nggawa ing Lampung. Kabeh kuwi kanggo bukti marang Danyang
Bakaran. Saiki uripe kepenak, uga wareg sandhang lan pangan.
Comments
Post a Comment