ASAL USUL AJIBARANG
Ing jaman semana ana sawijining
Negara kang jenenge Galuh Pakuan. Galuh Pakuan kuwi kalebu wilayah
Kerajaan Pajajaran. Nalika semana ing Galuh Pakuan lagi ana musibah.
Musibah mau awujud mangsa ketiga kang suwe banget. Kabeh mau ndadekake
para warga urip sengsara. Para warga padha kurang pangan, amarga mangsa
paceklik. Ing kahanan kang mrihatenake mau, bojone Adipati Munding Wilis
(Adipati Galuh Pakuan) njaluk digolekake dhaging kidang kang sikile
putih.
Bojone Adipati Munding Wilis kandha, “Kangmas, aku kepengin mangan daging kidang kang sikile putih.”
“Panjalukanmu kok aneh diajeng?” ature sang Adipati.
“Iki dudu panjalukan saka aku kang mas, nanging panjalukane si jabang bayi,” wangsulane bojone Sang Adipati
“Ya wis, nek ngana ngesuk aku tak menyang alas nggolek kidang kang sikile putih,” ature Sang Adipati.
Amarga bojone lagi meteng, mula Sang
Adipati nuruti panjalukane bojone. Esuk-esuk sawise pamitan lan wis
nggawa sangu kang sacukupe, Adipati Munding Wilis lan punggawane budhal
menyang alas nggolek kidang kang sikile putih. Sang Adipati nunggang
jaran kang jenenge Dawuk Mruyung. Sang Adipati lan rombongan wis tekan
alas. Kahanan ing alas kana sepi banget. Kidang kang digoleki ora ana.
Sadurunge oleh kidang kang sikile putih, Sang Adipati lan rombongan
kesasar ing desa para brandal (perampok). Pimpinan brandal mau jenenge
Abulawang. Banjur Abulawang mrentah anak buahe supaya nggolek pawarta
babagan rombongan kang kesasar mau.
“He, kowe! Cepet nggolek pawarta babagan rombongan sing kesasar mau sapa lan apa wae kang digawa!” Prentahe Abulawang.
Anak buahe Abulawang cepet-cepet budhal
lan nggolek pawarta babagan rombongan kang kesasar mau. Sawise telung
dina, anak buahe Abulawang mulih ngadhep pimpinane, banjur nglapor
babagan kasil anggone nggolek pawarta mau.
“Pawarta apa kang arep kolaporake marang aku?” Pitakone Abulawang
“Rombongan kang kesasar wau inggih
punika rombongan Adipati Munding Wilis saking Kadipaten Galuh Pakuan.
Barang-barang ingkang dipun bekta ugi kathah,” wangsulane anak buahe Abulawang.
“Ya wis, saiki siapake pasukan kanggo nyerang rombongan Adipati Munding Wilis!” Prentahe Abulawang.
Banjur Abulawang lan anak buahe nyusun
rencana kanggo nyerang Adipati Munding Wilis lan rombongane. Perang
antarane rombongane Sang adipati lan Abulawang akhire kedadean. Sang
Adipati lan rombongan kalah, banjur dicekel dening perampok kang
dipimpin Abulawang. Kabeh barang-barange Sang Adipati dirampok semana
uga jarane. Banjur Sang Adipati diolehake mulih marang kadipaten. Karo
nahan rasa kang sedhih, akhire Sang Adipati lan rombongan mulih mlaku,
amarga jarane uga melu dirampok.
Sawise tekan ing kadipaten, Sang Adipati
ngrasa seneng. Bojone wis nglairake putra kang bagus rupane. Putrane mau
nduweni tandha ing lengen sisih tengen yaiku belong “toh wisnu”. Wektu
lagi pada seneng-seneng, dumandakan kahanan ing kana dadi ora
karu-karuan. Kabeh mau amarga rombongan Abulawang dumadakan nyerang lan
mlebu marang kadipaten. Nalika semana umure putrane Sang Adipati nembe
patang dina. Kadipaten dirampok lan diobong. Semana uga omahe para warga
lan para pejabat kadipaten. Untung wae Sang Adipati ditulungi dening Ki
Juru Taman, pembantu kadipaten.
Sawise kahanan aman, Sang Adipati
kelingan karo nasibe putrane kang nembe lair mau. Putrane digoleki ing
saben pojokan kadipaten, nanging ora ketemu. Ing sawijining dina ana
warga kang nglapor yen putrane Sang Adipati digawa lunga (diculik)
dening Abulawang. Sang Adipati lan bojone ngrasa sedhih banget. Banjur
wong loro nekad lunga nggoleki putrane kang digawa Abulawang. Wong loro
mau nyamar dadi wong tani jenenge Pak Sandi lan Nyai Sandi.
Ing Bukit Mruyung (papane para perampok),
Abulawang lan bojone ngrasa seneng banget. Amarga Abulawang lan
rombongane bisa nyulik putrane Sang Adipati sing bagus rupane. Nanging
putrane diaku anak dening Abulawang lan bojone. Abulawang lan bojone
gelem ngakoni amarga wong loro mau pancen durung duwe anak. Akhire
putrane Sang Adipati mau dijenengi Jaka Mruyung.
Saiki Jaka Mruyung wis ngancik tambah
gedhe. Dheweke diwenehi wejangan dening Abulawang yaiku ora kena lunga
adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh nganti metu saka Bukit Mruyung.
Abulawang kanda, “Le, kowe ora kena lunga adoh-adoh saka Bukit Mruyung. Apa maneh metu saka wilayah Bukit Mruyung iki!”
“Nggih pak,” wangsulane Jaka Mruyung manut.
Saya suwe Jaka Mruyung ngrasa ora betah
manggon ning Bukit Mruyung. Dheweke ora seneng karo wong tuwane kang
nduweni watek ala kayata seneng ngrampok, nginum, lan judi. Banjur Jaka
Mruyung lunga (minggat) saka Bukit Mruyung. Jaka Mruyung nglanggar
janjine marang Abulawang. Jaka Mruyung lunga numpak jaran Dawuk Mruyung.
Jaran Dawuk Mruyung mau jebul duweke ramane dhewe (Adipati Munding
Wilis) kang biyen dirampok dening Abulawang.
Ana Anak buahe Abulawang kang nglapor yen
Jaka Mruyung minggat numpak jaran Dawuk Mruyung. Abulawang mrentah anak
buahe supaya nggudag Jaka Mruyung. Jaka Mruyung digudag-gudag dening
anak buahe Abulawang, nanging Jaka Mruyung bisa metu saka Bukit mruyung
lan ora kecekel.
Karo nggawa sangu, Jaka Mruyung lunga
ngetan ngliwati alas-alas. Dheweke tekan ing sawijining papan kang
jenenge Dayehluhur. Jaka Mruyung mampir ing omah cilik, duweke Ki
Mranggi. Akhire Ki Mranggi ngongkon Jaka Mruyung supaya gelem saomah
karo Ki Mranggi lan dianggep putu.
“Lek, kowe manggon neng kene wae ngancani aku!” Prentahe Ki Mranggi. Amarga Jaka Mruyung pancen ora nduwe papan kanggo nginep, banjur dheweke sarujuk.
“Nggih, Ki?” Wangsulane Jaka Mruyung.
Ki Mranggi yaiku bekas prajurit Majapahit
kang manggon ing papan iku. Jaka Mruyung diwarahi maca, nulis,
keprajuritan, bela dhiri, lan ilmu kesaktian. Sawise cukup anggone nimba
ilmu, banjur Jaka Mruyung diijinake nerusake pangumbarane nanging saka
petunjuk Ki Mranggi kang diolehake saka ngimpine. Jaka Mruyung lunga
ngetan lurus ngolek alas kang jenenge Pakis Aji. Sawise alas mau
ditemokake, banjur dibabad amarga papan mau besuke bakal dadi Negara
kang gedhe. Jaka Mruyung akhire ninggalake papan mau saka pratandha kang
wis ditrima Ki Mranggi. Jaka Mruyung uga ninggalake pesen supaya papan
mau dijenengi Desa Panulisan kang artine papan Jaka Mruyung bisa maca
lan nulis.
Ing sawijining dina, Jaka mruyung tekan
ing papan kang amba lan akeh sukete wernane ijo-ijo. Dheweke leren lan
jarane mangan suket kang ijo-ijo mau. Banjur papan mau dijenengi Gumelar
kang artine papan kang amba. Pangambaraan diterusake lan Jaka Mruyung
wis tekan ing sawijining papan lan dheweke ketemu karo wong lanang enom
jenenge Tlangkas. Tlangkas menehi ngerti yen Alas Pakis Aji wis cedhak
yaiku ing sisih kidul Kadipaten Kutanegara. Akhire Jaka Mruyung nerusake
pangumbarane maneh banjur ninggalake pesen kanggo Tlangkas. Pesene
yaiku yen besuke Tlangkas arep dijaluki tulung mbabad Alas Pakis aji lan
Tlangkas nyangguhi.
Dicritakake yen Ki Sandi wis tekan ing
Desa Panulisan lan leren ing omahe Ki Mranggi. Sawise leren ana
pirang-pirang dina ing omahe Ki Mranggi, banjur Ki Sandi nyritakake yen
tujuane dheweke yaiku nggoleki anake lanang kang nduweni tanda ing
lengen sisih tengen yaiku belong “ toh wisnu”. Banjur Ki Mranggi
nyritakake yen bocah sing lagi digoleki mau saiki wis gedhe jenenge Jaka
Mruyung. Jaka Mruung durung suwe lunga ngetan golek Alas pakis Aji. Ki
Sandi ngrasa seneng amarga dheweke wis oleh kabar yen Jaka Mruyung iku
anake lanang kang lagi digoleki lan saikine isih urip.
Sesuke Ki Sandi lan bojone nerusake
pangambaraane mlaku ngetan nututi bekas lakune Jaka Mruyung. Ki Sandi
lan bojone ngliwati kali kang bening banyune lan swarane banter
(kemracak). Mula mbesuke papan mau dijenengi Desa Kracak. Ing sawijining
papan, Ki Sandi ketemu karo wong lanang kang nggawa buah banjur dheweke
takon jenenge buah mau.
“Pak, punika buah napa?” Pitakone Ki Sandi
Banjur wong lanang mau mangsuli nganggo basa Sunda, ”Le mah Gondang amis.”
Ki Sandi takon maneh, “Le mah Gondang amis punika artosipun punapa?”
“Artosipun inggih menika buah gondang kang rasane legi,” wangsulane wong mau.
Banjur papan mau besuke dijenengi Desa
Gondangamis. Pangambaraane Jaka Mruyung saiki wis tekan ing pinggir Alas
Pakis Aji. Dheweke leren ing papan kang akeh manuk jalake. Papan mau
banjur dijenengi Pejalakan. Dheweke mlebu ing Alas Pakis Aji. Jaka
Mruyung tekan ing Kali Datar lan ing papan kana uga ana kedung. Ing
kedung kana akeh manuk Serwitine. Banjur papan mau dijenengi Kedung
Serwiti.
Sawise Jaka Mruyung tekan ing pinggir
Alas Pakis Aji, dheweke langsung mbabad alas. Nalika dheweke lagi mbabad
alas mau, Jaka weruh ing sakitare kana ana wong akeh kang lagi padha
gawe tambak iwak. Jaka Mruyung nyedaki wong-wong mau lan njaluk tulung
mbabad Alas Pakis Aji. Banjur wong-wong mau pada nyangguhi.
Jaka Mruyung lan wong-wong mau mulai
mbabad Alas Pakis Aji. Nalika lagi mbabad Alas Pakis Aji, jaka weruh
naga (ula kang gedhe). Ula mau dicekel dening Jaka Mruyung banjur
dipateni banjur diobong. Nalika lagi ngobong ula, genine melu ngobong
Alas Pakis Aji. Warta yen Alas Pakis Aji kobongan, wis ditrima dening
Adipati Nglangak yaiku Adipati Kutanegara. Adipati Nglangak murka banget
marang Jaka Mruyung. Semana uga wong-wong ing Kadipaten Kutanegara,
kabeh melu nyalahake Jaka Mruyung. Banjur Sang Adipati ngutus para
punggawane kanggo nangkep wong kang wis mbakar Alas Pakis Aji yaiku Jaka
Mruyung supaya diukum.
“Punggawa,! Tangkep lan ukum Jaka Mruyung!” Prentahe Adipati Nglangak.
Jaka Mruyung digoleki dening punggawa
Kadipaten Kutanegara. Ora mbutuhake wektu kang suwe kanggo nggolek
dheweke, akhire Jaka Mruyung bisa kecekel. Jaka Mruyung banjur diukum
banjur dheweke dadi tahanan ing Kadipaten Kutanegara.
Adipati Nglangak nduwe anak telu yaiku Dewi Pandansari, Dewi Pandanayu, lan Dewi Rantansari. Putri-putri mau uga dadi prajurit wadon ing Kadipaten Kutanegara. Nalika dadi tahanan Jaka Mruyung ngetokake tingkah laku kang sopan santun. Akhire Jaka Mruyung dibebasake. Ing sawijining dina, Kadipaten Kutanegara nganakake sayembara kanggo ngolek Senopati Kadipaten Kutanegara. Senopati yaiku pemimpin perang utawa prajurit.
Adipati Nglangak nduwe anak telu yaiku Dewi Pandansari, Dewi Pandanayu, lan Dewi Rantansari. Putri-putri mau uga dadi prajurit wadon ing Kadipaten Kutanegara. Nalika dadi tahanan Jaka Mruyung ngetokake tingkah laku kang sopan santun. Akhire Jaka Mruyung dibebasake. Ing sawijining dina, Kadipaten Kutanegara nganakake sayembara kanggo ngolek Senopati Kadipaten Kutanegara. Senopati yaiku pemimpin perang utawa prajurit.
Ing sajroning sayembara, Jaka Mruyung
oleh lawan kang sakti jenenge Ki Ketol Ireng. Wong loro mau padha-padha
kuwate lan saktine. nanging akhire Ki Kentol Ireng nyerah, dheweke ngaku
kalah. Jaka Mruyung menang lan dheweke didadekake Senopati Kadipaten
Kutanegara. Banjur dheweke uga dinikahake karo anake adipati Nglangak
kang nomer loro yaiku Dewi Pandanayu.
Adipati Nglangak tambah seneng sawise
ngerti yen Jaka Mruyung kuwi jebul putrane Adipati Munding Wilis saka
Galuh Pakuan. Rahasia kabeh mau kabongkar amarga Tlangkas nyritakake
babagan kabeh mau marang Adipati Nglangak. Akhire Kadipaten Kutanegara
diserahake marang Jaka Mruyung.
Sawise Jaka mruyung dadi adipati, dheweke
mulih menyang Kadipaten Galuh Pakuan. Wong-wong kadipaten wis ora padha
kenal lan ora ngerti yen tamu kang nembe teka mau jebule Jaka Mruyung,
putrane Adipati Munding Wilis. Ing kahanan kang kaya mangkono, Ki Juru
Taman nglapor yen Rama lan Ibune Jaka Mruyung lunga nggoleki putrane
kang digawa lunga perampok Abulawang.
Jaka Mruyung banjur mrentah punggawane
supaya nyebarake pengumunan kang isine sapa kang bisa nemokake Adipati
Munding Wilis lan bojone bakal diwenehi hadiah. Sawijining dina, Adipati
Munding Wilis lan bojone maca pengumuman mau. Sang Adipati lan bojone
ngrasa seneng banget. Akhire wong loro mau sarujuk arep teka dhewe
marang Kadipaten Kutanegara nemoni putrane yaiku Jaka Mruyung.
Sawise tekan ing Kadipaten Kutanegara,
Adipati Munding Wilis lan bojone nyritakake yen dheweke kuwi wong tuane
Jaka Mruyung. Adipati Munding Wilis uga nyritakake sebabe Jaka Mruyung
bisa pisah saka wong tuwane. Sawise ngerti critane kabeh, banjur Jaka
Mruyung arep nuntut bales marang Abulawang. Nalika semana Jaka Mruyung
isih jengkel.
Jaka Mruyung lan punggawane budhal
menyang Bukit Mruyung. Sadurunge tekan ing Bukit Mruyung, dheweke malah
diserang dening Abulawang lan rombongane. Banjur Jaka Mruyung lan
punggawane genti nyerang. Akhire Abulawang lan rombongane bisa
dikalahake. Abulawang ngaku salah lan njaluk pangapura marang Jaka
Mruyung. Jaka Mruyung ora ngukum Abulawang amarga dheweke esih eling
karo jasa-jasane Abulawang kang wis ngopeni dheweke nganti gedhe.
Abulawang lan bojone dipindah menyang Kutanegara. Jaka Mruyung akhire
bisa urip tentrem lan seneng amarga urip bareng karo wong kang
ditresnani. Sawise kuwi ibukota Kadipaten Kutanegara dipindah marang
Alas Pakis Aji kang wis dibabad mau. Alas Pakis Aji mau dijenengi AJIBARANG. Mula Jaka Mruyung kuwi Adipati Ajibarang kang kaping pisan.
Sawise Kadipaten Kutanegara ngadeg,
Kadipaten Kutanegara dibagi dadi rong desa yaiku Desa Kutawera lan Desa
Candinegara. Bukti yen cerita iki pancen ana yaiku anane kuburan kang
jenenge Pandansari, yaiku kuburane Dewi Pandansari. Uga ana kuburan
Pandanayu yaiku kuburane Dewi Pandaayu bojone adipati Jaka Mruyung.
Kuburan mau ana ing sisih lor Ajibarang. Yen Dewi Rantansari ana ing
Gunung Putri, sisih kidul Ajibarang lan Gunung mau dijenengi Gunung
Putri.
Comments
Post a Comment