ASAL USULE DESA TELUK AWUR JEPARA
Syeh Jondang duweni karep buka tegalan.
Tegalan kuwi arep ditanduri pari lan jagung kanggo pangan sedinane.
Lemah sing kanggo tegalan kuwi ora adoh panggonane saka daleme Syeh
Jondang. Wiwitane Syeh Jondang sregep anggone nyambut gawe, nanging saya
suwe gaweyane ora dirampungake, amarga tansah kelingan marang Ni
Bdralangu. Saben dina mung wira-wiri saengga tegalane ora diopeni kanthi
bener. Ni Badralangu dadi prihatin, reti yen pegaweyane ing tegalan ora
rampung-rampung dening Syeh Jondang.
Ing sawijine dina, Syeh Jondang bali saka
tegalan, nanging lagi saka omah, mula Ni Badralangu gumun. Ni
Badralangu celathu, “Kangmas apa nggone buka tegalan wis rampung, sesuk
wis arep ditanduri jagung ta?”
Krungu celathune garwane, Syeh Jondang
mung mesem banjur mangsuli, “Ni Badralangu, tegalane durung rampung mula
ya durung bias ditanduri.”
“Kangmas, apa ana alangan sajrone
panjenengan buka tegalan? Apa ana sing ngridhu penggalihe Kangmas,
saengga ora rampung-rampung nggone buka tegalan.”
Ni Badralangu, sasuwene iki atiku ora
kepenak yen ninggalake sliramu dhewe ing omah. Lagi sedhela wae tekan
tegalan, Kangmas pengin cepet mulih amarga kelingan pasuryane Dhiajeng.”
“Ah, Kangmas ki ana-ana wae. Dhewek iwis
ora nganten anyar maneh tur wis suwe nggone urip bareng lha kok isih
kaya wong sing lagi kasmaran wae.”
“Pancen mengkono nyatane, Dhiajeng. Menawa Kangmas nyambut gawe suwe ana tegalan mesthi tansah kelingan pasuryanmu.”
“Yen ngono, Dhiajeng duwe cara supaya
Kangmas bias nyambut damel kanthi rasa tentrem menawa Dhiajeng ing omah
dhewe. Kangmas damel gambare Dhiajeng banjur gambare diasta menawa
Kangmas nyambut dame ling tegalan, kanthi cara iki Kangmas ora
grusa-grusu nggone nyambut damel.”
“Bener kandhamu Dhiajeng. Iya mengko
Kangmas wiwit nggawe gambarmu.” Syeh Jondang wiwit nggambar Ni
Badralangu. Dhasare wis pinter nggambar mula asile ya apik lan maremake.
Antarane pasuryane Ni Badralangu lan gambare ora ana bedane. Esuke Syeh
Jondang bias nyambut gawe kanthi ati kang ayem tanpa grusa-grusu pengin
mulih ngomah. Ing tegalan gambare Ni Badralangu diselehake ana ing
lemah banjur ditindhihi lemah supaya ora katut angin, banjur Syeh
Jondang megawe kanthi sengkut.
Ing sawjine dina, Syeh Jondang macul
kanthi sengkut, dumadakan ana angin gedhe ngaburake godong-godong garing
lan gambare Ni Badralangu uga melu katut angin. Syeh Jondang nggoleki
gambare garwane, nanging ora ketemu. Penggalihe Syeh Jondang dadi
sedhih.
Ana pawarta yen gambare Ni Badralangu
kuwi katut angin nganti tekan Keratin, sing rajane isih mudha. Raja kuwi
pirsa gambare Ni Badralangu. Barang pirsa gambare Ni Badralangu sing
sulistya ing warna, Raja dadi kasengsem lan marakake rasa tresna ing
atine. Esuke Raja dhawuh marang patih lan perjurite nggoleki sapa
sejatine wanita ing gambar kuwi. “Aja nganti mulih ing keraton yen
durung bias nemokake sapa sejatine wong ayu ing gambar kuwi,”
ngendhikane Sang Raja.
Nggone nggoleki wong wadon sing ana
gambar kuwi yaiku Ni Badralangu pranyata butuhake wektu sing ora
sedhela. Sakwise nepungake, sang patih banjur ngendika yen dheweke
diutus Raja nggoleki wanita ing gambar kuwi sing ora liya Ni Badralangu.
Barang krungu ngendikane sang patih, Syeh Jondang sedhih atine amarga
bakal kelangan Ni Badralangu, nanging dheweke kudu manut marang prentahe
Sang Raja. Ing jero penggalihe Syeh Jondang mikir, kepriye carane
supaya Ni Badralangu bisa dadi duweke maneh. Sadurunge Ni Badralangu
diboyong ing keraton, dheweke pamit lan janji prasetya marang Syeh
Jondang. Ni Badralangu njaluk marang Syeh Jondang supaya diparani ing
Keraton.
Syeh Jondang goreh atine nggone mikir
kepriye carane supaya bisa nemoni garwane. Syeh Jondang duwe cara yaiku
kanthi nyamar dadi tukang kentrung. Syeh nabuh kentrung karo ngubengi
kraton lan asring ing keputren. Ni Badralangu reti yen kuwi Syeh
Jondang, sigaraning nyawa sing banget ditresnani. Ni Badralangu jaluk
marang Raja, ditanggapna tukang kentrung sing ora liya ya Syeh Jondang.
Krungu panjaluke Ni Badralangu, Sang Raja
ngendika, “yen sliramu pancen seneng, aku dak ngutus punggawa Keratin
supaya nggoleki tukang kentrung kuwi. Kekarepane Syeh Jondang bisa
keturutan, ketemu Ni Badralangu. Syeh Jondang ngnetrung ing kraton. Ni
Badralangu jaluk marang Raja supaya tukang kentrung asring ditanggap ing
kraton kanggo nglipur atine. Sinuwun nuruti apa wae kang dadi pepengine
bakal bojone kuwi, nanging sinuwun ora reti yen kuwi mung akal-akalane
Ni Badralangu supaya bias asring ketemu Syeh Jondang.
Ni Badralangu kekarepane saya rena-rena.
Dheweke jaluk marang Sang Raja supaya digolekake bukur bondhan ing
segara. Yen pancen sinuwun tresna lan pengin Ni Badralangu dadi garwane
mula sinuwun kudu bias nuruti kekarepane Ni Badralangu sing pungkasan
iki. Bukur bondhan kuwi kudu Sang Raja dhewe sing golek.
Sang Raja wis kadhung tresna marang Ni
Badralangu, mula apa wae kang dadi kekarepane mesthi dituruti. Sang Raja
nyamar dadi tukang miyang banjur menyang segara saperlu golek bukur
bondhan. Rasukane ditinggal ing kraton. Ni Badralangu rada gumun nalika
Sang Raja buka rasukane, pasuryane mirip karo garwane, nanging arep kaya
ngapa rasa tresnane isih kanggo Syeh Jondang, guru lakine.
Nalika Sang Raja menyang segara, kanthi
sesingidan Syeh Jondang mlebu kraton. Syeh Jondang ngagem rasukane Sang
Raja sing ditinggal mau. Ni Badralangu gumun, pirsa pasuryane garwane
sing mirip karo Sang Raja. Sinuwun sing sejatine Syeh Jondang kuwi gawe
rantaman arep ngumpulke perjurit. Para perjurit ora ana sing cubriya yen
sing ngendika kuwi dudu rajane. Syeh Jondang ngendika, “Ing wektu iki
negarane dhewe ana ing bebaya, ana musuh sing nyusup ing negarane dhewe.
Saiki musuhe dhewe nyamar ana ing teluk dadi tukang miyang. Mula ayo
padha dicekel banjur dipateni, supaya negara kalis saka bebaya.
Barang krungu prentahe Syeh Jondang, para
perjurit budhal menyang segara utawa teluk. Pancen bener ing teluk kuwi
ana wong sing lagi nggolek bukur. Para perjurit banjur ngepung lan
mateni wong mau. Nalika dikepung kuwi wong sing sejatine rajane kuwi
ngendika, “He rakyatku, geneya padha nyerang aku, aku iki rajamu, aja
ngawur wae.”
Para perjurit ora ana sing nggantekake
rajane, nganti rajane seda amarga diserang dening perjurit dhewe. Mayite
Sang Raja digawa menyang kraton supaya Raja percaya yen wong miyang
kuwi wis mati. Krungu pawarta iki Syeh Jondang lan Ni Badralangu seneng
banget, nanging rasa bungahe kuwi ora suwe barang reti yen raja sing
dipateni kuwi sejatine adhine Syeh Jondang sing wis suwe ilang. Syeh
Jondang banget nggone getun nganti ngungun, amarga wis ngutus perjurit
mateni adhike, lan perjurit kuwi ngawur mateni rajane.
Keraton lagi belasungkawa. Sakwise adhike
di kubur, Syeh Jondang diangkat dadi raja, ngganteni adhine. Kanggo
ngelingi adhine sing wis dipateni dening perjurit sing ngawur kuwi,
teluk kuwi diwenehi jeneng “Teluk Awur” dening Syeh Jondang. Saiki desa
sing cedhak karo teluk kuwi diwenehi jeneng Teluk Awur.
Comments
Post a Comment