Posts

Showing posts from December, 2011

ASAL MULANE DESA KANCILAN

Ing kabupaten Jepara, nalika jaman biyen ana salah sawijine papan panggonan sing isih awujud alas. Nanging ing alas sing isih rengket banget iku mau ana sing manggoni. Sing manggoni ing alas iku yaiku sakpasang kakang adhi lan sakpasang bojo lanang wadon. Sakpasang kakang adhi mau jenenge Mangun Jati lan Mangun Sari, dene sakpasang wong lanang wadon mau jenenge Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker. Mbah Kari Beker iku bojone Mbah Nini Beker. Antarane Mbah Kari Beker lan Mbah Nini Beker kaliyan Mbah Mangun Jati lan Mbah Mangun Sari iku padha-padha sedulur tunggal guru. Sing dimaksud sedulur tunggal guru yaiku dudu tunggal sedulur kandung nanging padha padha tau maguru utawa golek ilmu ing padepokan ing negeri sebrang. Bareng wis padha-padha manggon ing alas sing isih durung tau dipanggoni manungsa iku mau, para sedulur papat iku padha babat alas utawa resik-resik alas. Bareng wis padha resik kabeh banjur diadege omah-omah kanggo panggonan sedulur papat iku mau. Sandhang

ASAL USUL NUSAKAMBANGAN

Jaman biyen ing dhaerah Jawa Timur (Kediri), ana maharaja sing gelare Prabu Aji Pramosa. Raja iku duwe watak sing atos, dheweke wegah tundhuk marang sapa wae lan ora seneng menawa ana wong sing luwih sekti tinimbang dheweke lan duwe pengaruh gedhe ing negarane. Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter. Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe anggone nggolek para punggawa-pungawa kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana Resi sing wis kesohor amarga kepinteran lan kasektiane. Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane Kyai Jamur akhire tekan menyang kupinge Raja Aji Pramosa, dheweke krungu saka para punggawane sing weruh dhewe. Banjur Prabu Aji Pramosa mangke

Asal Mulane Desa “Wirun”

Ing kabupaten Pati ana desa sing diarani desa Wirun. Desa Wirun ana ing kecamatan Winong kabupaten Pati propinsi Jawa Tengah. Sejarah ngadege desa Wirun ana ing jaman Majapahit. Nalika jaman semana ana wanita sing Jenenge Lasiah utawa sing diundang kanthi jeneng mbah Ndhawik. Nalika semana Lasiah lagi nggoleki kang mase sing jenenge Citra Bangsa Lan Rante Wulung, Citra Bangsa uga lagi mbabad alas ana ing kabupaten Pati. Citra Bangsa wis mbabad alas Sing diwenehi jeneng Alas Mojorembun, dijenengake Majarembun amarga ing alas kuwi ditemokake wit Maja ing jaman Majapahit. Desa Mojorembun uga isih sakelurahan karo desa Wirun. sawise mubeng anggone nggoleki Citra Bangsa lan ketemu ing Mojorembun, dheweke uga mbabad alas ing sisihe alas sing dibabad Citra Bangsa. Nalika mbabad alas Lasiah uga ndhuduk sumur ana ing tengah sawah, lan ing sisishe sumur kuwi ana wit ase singumure wis tuwa banget lan nganti saiki sumur lan wi asem kuwi iseh. Sumur kuwi di

DUMADINE KERAJAAN MEDANG KAMOLAN

Kacarita tlatah Jawa iku wis dikuasai dening Kerajaan Galuh kang dipimpin Prabu Sindulaya Sang Hyang Prabu Watu Gunung. Pusat pemerintahane ana ing Jawa Barat amarga dianggep nduweni peran penting marang raja-raja ing tlatah liya Jawa. Prabu Watu Gunung pancen berhasil ndadekake Galuh dadi misuwur lan wargane bisa urip makmur. Prabu Watu Gunung duwe anak papat. Anak kaping pisan yaiku wadon jenenge Dyah Ayu Dewi dadi ratu ing Nusatembini. Anak kaping pindho jenenge Pangeran Adipati Dewata Cengkar. Anak kaping telu yaiku Dewata Pemunah Sakti kang dadi Adipati ing Madura. Anak kang ragil jenenge Pangeran Adipati Dewata Agung dadi Adipati ing Pulo Bali. Para warga ora seneng marang tumindake Pangeran Adipati Dewata Cengkar kang ala amarga Prabu Adipati Dewata Cengkar seneng nyiksa rakyat cilik lan seneng mangan dhaging manungsa. Amarga keweden, para warga padha lunga saka tlatah kono. Weruh kahanan Galuh sing kaya mangkono, Prabu Watu Gunung murka, banjur

ASAL USULE DESA TELUK AWUR JEPARA

Jaman biyen ana sawijine Syeh kang manggon ing dusun Jondang, udakara 3 km sakulone Jepara. Syeh kuwi asmane Syeh Jondang. Syeh Jondang kuwi priya sing bagus rupane. Syeh Jondang duwe garwa, asmane Ni Badralangu. Ni Badralangu kuwi wanita sing sulistya ing budi lan pancen ayu tenan. Wong loro padha urip bebarengan kanthi tentrem, andum rasa asih. Ana apa wae mesti dilakoni bebarengan. Sing sabenere penggalihe Syeh Jondang lagi nandang susah amarga kelangan adhi lanang sing banget ditresnani. Syeh Jondang ora reti ana ngendi saiki adhine tunggal welad kuwi. Syeh Jondang banjur ngumbara nggoleki adhine. Sasuwene ngumbara nggoleki adhine penggalihe ora tentrem amarga tansah kelingan marang garwane sing banget ditresnani yaiku Ni Badralangu sing ana ing omah dhewe. Syeh Jondang duweni karep buka tegalan. Tegalan kuwi arep ditanduri pari lan jagung kanggo pangan sedinane. Lemah sing kanggo tegalan kuwi ora adoh panggonane saka daleme Syeh Jondang. Wiwi

Asal Mula Desa Kajen

Wonten ing sebrang lor pesisir ing Pati wonten desa ingkang anggadhahi asma Kajen. Samenika wonten ing desa niki kathah tiyang – tiyang saking pundi kemawon ingkang sami Ziarah wonten ing Makam Mbah Mutamaqin. Wonten ing makam menika mboten nate sepi saking penziarah-penziarah, dinten napa kemawon. Senajan iku esok, awan, sore. Apa maneh wengi, ora nate sepi saking penziarah. Kemashuran Mbah Mutamaqin sampun mboten dipun sepelekake malih. Kathah ingkang maosake surat yasin lan maosake tahlil lan uga wonten ingkan ngapalake Qur’an. Ugi wonten ingkang nyuwun ijabahe supadhos angsal kepinteran lan sapanunggalanipun Desa Kajen samenika asalipun saking Mbah Mutamaqin. Kacariyos mekaten : Mbah Mutamaqin anggadahi pangingon inggih menika Jin ingkang katah. Cekak cerita, Mbah Mutamaqin menyang ing mekah dipun gendong jin. Nanging dereng ngantos Mekah jin menika nibakake mbah Mutamaqin ing segara. Banjur Mbah Mutamaqin ketemu kaliyan iwak kang ageng. Ora suwe Mb

ASAL USUL AJIBARANG

Ing jaman semana ana sawijining Negara kang jenenge Galuh Pakuan. Galuh Pakuan kuwi kalebu wilayah Kerajaan Pajajaran. Nalika semana ing Galuh Pakuan lagi ana musibah. Musibah mau awujud mangsa ketiga kang suwe banget. Kabeh mau ndadekake para warga urip sengsara. Para warga padha kurang pangan, amarga mangsa paceklik. Ing kahanan kang mrihatenake mau, bojone Adipati Munding Wilis (Adipati Galuh Pakuan) njaluk digolekake dhaging kidang kang sikile putih. Bojone Adipati Munding Wilis kandha, “ Kangmas, aku kepengin mangan daging kidang kang sikile putih. ” “ Panjalukanmu kok aneh diajeng?” ature sang Adipati. “ Iki dudu panjalukan saka aku kang mas, nanging panjalukane si jabang bayi ,” wangsulane bojone Sang Adipati “ Ya wis, nek ngana ngesuk aku tak menyang alas nggolek kidang kang sikile putih,” ature Sang Adipati. Amarga bojone lagi meteng, mula Sang Adipati nuruti panjalukane bojone. Esuk-esuk sawise pamitan lan wis nggawa sangu kang sac

ASAL MULANE DESA SUKOLILO

Jeneng desa Sukolilo kecamatan Sukolilo Kabupaten Pati, ana gegayutane karo legenda Ki Ageng Giring lan Ki Ageng Pemanahan. Ceritane nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan lagi goleki kakang seperguruane yaiku Ki Ageng Giring sing manggon ana ing Dukuh Garengan Wonokusuma. Nanging dina iku Ki Ageng Pemanahan kurang beja, merga Ki Ageng Pemanahan ora langsung ketemu karo Ki Ageng Giring ning omahe merga nembe wae macul ning tegalan. Nalika kuwi Ki Ageng Pemanahan ditemoni karo Nyai Ageng Giring. Nyai Ageng Giring gumun merga wis suwe ora pethuk karo Ki Ageng Pemanahan, dhewekke sok-sok ora percaya, kok kadingaren Ki Ageng Pemanahan dolan nyang omahe. Ki Ageng Pemanahan uwis suwe ra ketemu, merga kuwi dhewekke ora bakal bali yen durung pethuk karo kakang seperguruane. Ndilalah dina kuwi Nyai Ageng ora duwe opo-opo kanggo sugatan, dhewekke kelingan yen isih duweni degan siji ning pawone, degan mau banjur dijipuk lan diwenehna Ki Ageng Pemanahan, merga sak

DUMADINE DESA BAKARAN, JUWANA

Ceritane desa Bakaran kuwi ngene. Desa Bakaran kuwi asale alas sing diobong. Papan pangonane ning wilayah Pati. Tembung obong padha karo bakar dadi langsung dijenengi desa Bakaran amarga asale saka obong-obongan utawa bakar-bakaran. Alas diobong amarga ana sing tau seneng Nyi Ageng, nanging dheweke durung bisa nampa. ing ngisor salah sijining syarat kang dijaluk Nyi Ageng. Syarat kang dijaluk marang jaka kuwi unine kaya ngene: “ Aku gelem nampa lamaranmu yen awakmu bisa gaweke pitung sumur kanggo aku. ” ” Ya, Ageng yen mung kuwi panjalukanmu bakal tak turuti. ” “ Nanging kang tak jaluk sesuk kudu wis rampung.” “ Sesuk, apa Ageng sesuk kudu wis dadi ora salah kuwi? ” “ Ya sesuk, piye awakmu sanggup ora? ” “ Ya, Ageng. Aku sanggup. ” Jaka kuwi mau akhire gelem nyagohi gaweke pitung sumur kanggo Nyi Ageng. Nanging Nyi Ageng bingung amarga dheweke bisa gawe pitung sumur. Jaka mau njaluk rewang lelembut lan bangsa alus (setan, jin, dhemit, gendruwo lan saliyane).

ASAL USULE KUTHA PATI

Ing Pantai Lor Pulo Jawa ( Pantura ), sekitar Gunung Muria bagian Wetan, ana penguasa sing kasebut Adipati, wilayah kekuasaane kasebut kadipaten. Ana penguasa loro jaman iku yaiku kadipaten Paranggaruda lan kadipaten Carangsoka. Kadipaten Paranggaruda dipimpin Adipati Yudhapati, wilayahe saka kali Juwana mengidul nganti pegunungan gamping lor batesan karo wilayah kabupaten Grobogan. Yudhapati nduweni putra jenenge Raden Jasari. Sawetara iku, kadipaten Carangsoka dipimpin dening adipati Puspa Andungjaya, wilayahe saka lor kali Juwana nganti Pantai Lor Jawa Tengah bagian Wetan. Adipati Carangsoka nduwe anak wadon jenenge Rara Rayungwulan. Kacarita, lelorone kadipaten iku urip rukun padha ngurmati siji lan sijine. Kanggo nglestarekake pasedulurane, penguasa Kadipaten sarujuk ndaupake putra lan putrine. Adipati Paranggaruda ngirim utusane nglamar Rara Rayungwulan, putrine Adipati Carangsoka. Lamarane ditampa, nanging calon penganten putrid njaluk