Posts

Showing posts from June, 2011

Ki Ageng Pandanaran

Crita iki diwiwiti saka Kerajaan Demak Bintara, kerajaan Islam sing sepisan neng tlatah Jawa, rajane jenenge Raden Patah. Dheweke keturunan Brawijaya sing omah-omah karo putri Tiongkok. Merga tlaten dheweke bisa mbangun krajaane sing ndadekake rakyate urip makmur lan bias tentrem anggone nglakoni ibadah agamane. Sawise Raden Patah seda, mula sing nggenteni dadi raja ora liya anak mbarepe sing jenenge Pangeran Sepuh utawa Pangeran Sepuh Sabrang Lor. Pangeran iki duwe anak lanang jenenge Pangeran Made Pandan lan dikarepake sing bakal nggenteni dheweke. Nanging, apa sing dikarepake dening Pangeran Sepuh Sabrang Lor ora bakal kawujud, merga Pangeran Made Pandan ora gelem dadi Sultan. Dheweke kepengin dadi ulama gedhe lan nyepi arep nglakoni tapa, uga ngangsu kawruh bab agama. Dhek bapake seda, kuwasane diwenehake marang Paklike, Raden Trenggana diangkat dadi Sultan Demak ketelu. Pangeran Made Pandan banjur ninggalake Kasultanan Demak lan ngumbara nuju arah Kidul sig ora b