Ki Ageng Pandanaran
Crita iki diwiwiti saka Kerajaan Demak Bintara, kerajaan Islam sing
sepisan neng tlatah Jawa, rajane jenenge Raden Patah. Dheweke keturunan
Brawijaya sing omah-omah karo putri Tiongkok. Merga tlaten dheweke bisa
mbangun krajaane sing ndadekake rakyate urip makmur lan bias tentrem
anggone nglakoni ibadah agamane. Sawise Raden Patah seda, mula sing
nggenteni dadi raja ora liya anak mbarepe sing jenenge Pangeran Sepuh
utawa Pangeran Sepuh Sabrang Lor. Pangeran iki duwe anak lanang jenenge
Pangeran Made Pandan lan dikarepake sing bakal nggenteni dheweke.
Nanging, apa sing dikarepake dening
Pangeran Sepuh Sabrang Lor ora bakal kawujud, merga Pangeran Made Pandan
ora gelem dadi Sultan. Dheweke kepengin dadi ulama gedhe lan nyepi arep
nglakoni tapa, uga ngangsu kawruh bab agama. Dhek bapake seda, kuwasane
diwenehake marang Paklike, Raden Trenggana diangkat dadi Sultan Demak
ketelu. Pangeran Made Pandan banjur ninggalake Kasultanan Demak lan
ngumbara nuju arah Kidul sig ora bakal dingerteni dening sedulur
Kasultanan.
Sajroning pangumbaran, dheweke mesthi
ngajarake lan ngangsu kawruh bab agama Islam. Saya suwe anggone mlaku,
lan ora dirasa dheweke wis tekan ing sawijining panggonan sing diarani
Bergota. Neng panggonan iku, dheweke ngedegake pondho-pondhok pesantren
kanggho para pandhereke kanggo ngangsu kawruh lan nyebarake agama Islam.
Kanthi sarujuke Sultan Demak, Pangeran Made Pandan mbukak alas anyar
lab ngedegake omah uga gawe kampung. Ngelingi alas mau akeh wit asem
arang-arang, tegese asem sing jarake adoh-adoh, mula diarani Semarang
(asale saka tembung asem “asam”, lan arang “jarang”). Merga tlaten lan
sabar anggone mulang warga bab agama, Pangeran Made Pandan banjur
kesuwur kanthi paraban Ki Ageng Pandanaran. Banjur dheweke ngedegake
Kabupaten Semarang sing diestoni dening Sultan Demak lan Ki Ageng
Pandanaran diangkat dadi bupati sing sepisanan ing Semarang. Dheweke
nglakoni pamarentahan kanthi wicaksana lan tlaten. Ki Ageng Pandanaran
duwe anak sing uga kesuwur kanthi paraban Ki Ageng Pandanaran.
Pungkasane, Bupati Pandanaran (Pangeran Made Pandan) tilar donya. Lan
disarekake ig Pegunungan Pakis Aji (Telomoyo) sing manggon ing sisih
wetan Bergota. Ki Ageng Pandanaran nggantekake kalungguhane bupati
Semarang merga saka warisane jenate bapake. Dheweke mimpin Pamarentahan
kanthi apik lan mesthi manut karo ajaran-ajaran Islam kaya dene jenate
bapake. Nanging suwe-suwe ana owah-owahan. Dheweke sing maune apikan
aten iku saiki wis malih dadi luntur. Tughas-tugas pamarentah sing maune
digarap nganti rampung lan tumata kanthi thirik-thirik, saiki wis wiwit
kerep ora digubres lan digarap, apa maneh pondhok-pondhok pesantrene
lan panggonan kanggo ngibadah sing wis wiwit ora dirumat maneh. Nanging
bejane sing kaya mangkono mau nuli dimangerteni dening Sultan Bintara,
mula oa dadi kedarung-darung tekan ngendi-endi.
Sultan Demak ngupayakake kanggo
nginsyafke Ki Ageng Pandanaran kanthi prantaran utusane, nanging
kekarepane Sultan Demak ora diwangsuli nanging malah diece
entek-entekan. Ngerteni kahanan sing kaya mangkono, mula Sultan Demak
nganakake rembugan gedhen sing bakal ditekani dening para pejabat lan
tokoh agama, ing antarane para Walisanga. Kanggo ngemban tugas kuwi,
diputuske yen sunan Kalijaga ditunjuk dadi utusan Sultan Demak.
Sunan kalijaga nyamar dadi tukang suket
sing nawakake dagangan sukete neng plataran Kabupaten Semarang kanggo
pakan jaran piyaraane. Sawise suket mau dituku, banjur dibongkar dening
tukang jaran sing pranyata ing jerone mau ditemokake emas sakepel sing
pating kumeclap. Emas sakepel mau banjur diakoni dening sang bupati dadi
duweke. Kahanan kaya mangkono iku kedadeyan nganti ping pirang-pirang
nganti emas sing ditampa yen dijumlahke wis mesthi akeh banget lan
samsaya srakah lan tamak bae bupati mau. Nalika tukang mau ngandhakake
marang sang bupati ngenani emas sakepel mau nanging kasunyatane ora
diakoni yen dhewee nympen emas duweke tukang suket.
Mula si tukang suket mau meneng sedhela
ndonga marang Gusti kang Murbng Dumadi supaya diwenehi pituduh lan dalan
kanggo nakluke sag bupati Semarang tanpa mancing tukaran utawa padudon.
Si tuang suket ngandharake yen sang bupati ora ngakoni ora dadi ngapa,
malah yen sang bupati isih kepengin emas s9ing luwih akeh maneh, dheweke
saguh kanggo nduduhake neng endi panggonan emas-emas mau. Sawise
ngrungokake tembung-tembung mau, tanpa isin-isin sang bupati terus meksa
supaya age-age diduduhake neng endi panggonan emas sing dimaksud mau.
Sing dodol suket ngongkon sang bupati
supaya macul lemah neng platarane Kabupaten. Wiwitane sang bupati ngrasa
mamang, nanging merga anggone duwe kekarepan kpengin entuk emas sing
luwih akeh, mula pangrasa sing kaya mangkono iku dilalekake, lan
panjaluke tukang suket mau dituruti. Kanthi gedhe lan kuwasane Sang Maha
Wikan, mula kasunyatane saben kilan lemah sing dipacul mau dadi emas.
Mula sang bupati kanthi rasa ati sing bungah, banjur nerusake anggone
macul, dheweke ngrasa samsaya kesel lan wis ora saguh maneh anggone
ngayunke pacule.
Wiwit saka kedadeyan sing lagi bae
dilakono, dheweke sadhar yen apa sing diadhepi kuwi dudu sembarang wong.
Merga ora percaya yen wong sing dodol suket bias nggenti lemah dadi
emas. Dheweke ngrumangsani yen dheweke wis kesasar lan keblusuk ing
padonyanan. Pungkasane dheweke takon sapa sejatine sing dodol suket iku,
lan wangsulane yen dheweke sejatine Sunan Kalijaga, salah sijine saka
Walisanga. Krungu kaya mangkoni iku, sang bupati age-age njaluk ngapura
ngenani apa sing wis dadi kaluputane, lan sang bupati pungkasane gelem
diangkat dadi murite Sunan Kalijaga, nanging kudu ana syarate. Banjur
Sunan Kalijaga pamit arep ngadhep marang sang Baginda Sultan Demak, lan
ing wektu sing ditemtokake dheweke arep tka maneh padha karo kanggo
ngumbara.
Sawise Sunan Kalijaga lunga, bupati
Pandanaran wiwit tata-tata kanggo nyiapake pangumbarane. Sakliyane kuwi
dheweke mesthi sedekah lan ngamalke bandhane kanggo fakir miskin, kanggo
netepi janjine. Ki Ageng Pandanarang karo bojone ngumbara kanggo
nggolek sing dinggo nemeni plajarane marang agama Islam, khususe ing
Jawa. Pungkasane Ki Ageng pandanaran netep ing Klaten Jawa Tengah nganti
seda lan diarekake ing Gunung Jabalkat, nganti saiki kuburan Sunan
Tembayat isih rame ditekani dadi objek wisata ziarah sakgandheng karo
ziarah Walisanga.
Comments
Post a Comment