Marhaban ya nurul aini
Marhabahn jaddal huzaini
Marhaban ahla wasahla
Marhaban ya khoiro da'i
ASAL USUL AJIBARANG
Ing jaman semana ana sawijining Negara kang jenenge Galuh Pakuan. Galuh Pakuan kuwi kalebu wilayah Kerajaan Pajajaran. Nalika semana ing Galuh Pakuan lagi ana musibah. Musibah mau awujud mangsa ketiga kang suwe banget. Kabeh mau ndadekake para warga urip sengsara. Para warga padha kurang pangan, amarga mangsa paceklik. Ing kahanan kang mrihatenake mau, bojone Adipati Munding Wilis (Adipati Galuh Pakuan) njaluk digolekake dhaging kidang kang sikile putih. Bojone Adipati Munding Wilis kandha, “ Kangmas, aku kepengin mangan daging kidang kang sikile putih. ” “ Panjalukanmu kok aneh diajeng?” ature sang Adipati. “ Iki dudu panjalukan saka aku kang mas, nanging panjalukane si jabang bayi ,” wangsulane bojone Sang Adipati “ Ya wis, nek ngana ngesuk aku tak menyang alas nggolek kidang kang sikile putih,” ature Sang Adipati. Amarga bojone lagi meteng, mula Sang Adipati nuruti panjalukane bojone. Esuk-esuk sawise pamitan lan wis nggawa sangu kang sac...
Comments
Post a Comment