contoh drama ande ande lumut


ANDE ANDE LUMUT

Ing sawijining dina, angin topan nglanda sawijining desa kang aman lan tentrem. Kabeh omah rusak, wit witan pada miber-miber. Akeh masyarakat kang seda, salebet keluargane klenting kuning. Rama lan simboke sido amarga ketiban wit klapa. Akhire klenting kuning kepakso manggon karo bulike engkang nami mbok Rondo Dadapan. Awale Mbok Rondo apikan marang klenting kuning, tapi soyo suwi mbok Rondo dai kejem lan galak. Sepupu-sepupune ugo jahat marang klenting kuning. Deweke yaiku klenting abang, ijo, biru kang musuhi klenting kuning nganggep kaya budak.

ADEGAN 1

Mbok Rondo          : Aduh,,, panas temen…
                                  Klenting Kuning, jupukna es kanggo aku
Klenting Kuning       : Nggih mbok, sekedap
Mbok Rondo          : Suwi temen, ngopo wae kowe, turu yo….?
                                 males-malesan wae.
Klenng Kutining       :mboten kok, kulo sibuk wonten wingking tirose bade dahar pitik goreng ??? nembe kulo masakaken.
Mbo Rondo            : aaaalah alesan wae kowe ki.putri putrid ku seng ayu nengendi kowe biasane jam sakmene wes macak ayu ayu sopo gerti ono pangeran ganteng seng arep minang kowe.
Klenting kuning        : Amet amet hii
Mbok Rondo          : Heh Ngomong opo kowe
Klenting Kuning       : mboten kok mbok kuning mboten ngomong opo opo
Mbok rondo           : eeh dikiro aku budek poo
Klenteng 3              : Mbok ono pawarta kang heboh
                                    Pokok’e kudu cepet cepet mangkat
Klenteng Ijo            : Iyo iyoo mbok nyuwon artane raa mbok damel ongkos
Klenteng abang       : iyo aku mbarang
Mbok rondo           : aduhh yen ngomong ojo rebutan too nduk ono opo sih kowe kok kok kesusu meh lungo
Klenteng Biru          : Yahh simbok kok rak gaul banget sii mulane ojo lunggoh neng ndalem wae jalan jalan ngono kilo
Kabeh : ngguyu      
Mbok Rondo          : eh kowe kok melu melu ngguyu
Klenteng kuning       : waduuh, nyuwon ngapunten mbok sekedek latah niki
Mbok Rondo          : Eh kowe kii
Pengawal                : Ulem ulem …….. ? Ulem seko kerajaan waduhh sepi nyenyet orak ono wong  balek waee ahh
Mbok Rondo          : kowe soopoo
Klenteng abang       : aah ……
Mbok Rondo          : eeh kowe ki opo sih ngageti simbok wae
Klenteng Biru          : aduuh mbok niki kan pengawal kerajaan ngowo ulem kango kito, pangeran ande ande lumut ajeng madosi garwo, hee too
Pengawal                : enggeh bener …. Kok ngerti padahal aku during maringi ngertii
Klenteng ijo             : Aaah kuwi amargo kito kerep ngerti gosiip gossip anyar …dadi koyongoongono kaelah
Pengawal                : Wah putri putri seng ayu kii biso wae …. Naah ki uleme tekoo yoo. Aku yakin salah siji \seko kowe kabeh mesti iso nyolonmg atine pangeran. Yen ora sido karo pangeran yo karo aku wae heheheheheheee
Klenteng all             : huuu ngoco sek raa …….
Klenting Kuning       : Pak Pengawal, sedaya putri angsal nderek to?
Pengawal                : Ya angsal to, nduk… kowe yo pengen nderek?
Mbok Rondo          : Heh, ra oleh..Kuning rak oleh melu, dewekke kudu jaga lan resik-resik omah,ra oleh melu pokoke..
Klenting Kuning       : Tapi mbok, Kuning pengen nderek..
Mbok Rondo          : Rak keno protes…Ora yo ora..
Klenting Ijo             : He,e kowe ki..pengene melu-melu wae,,mlebu rono.mlebu..!!!

ADEGAN 2

        Ahire Klenting Kuning mlayu lan nujuempang. Wonten empang menika biasane dewekke mrenung karo kancane Angsa Putih.Klenting Kuning ngeluh tentang apa sing di alami karo ngsa.

Klenting Kuning       : hu.hu.hu….
Angsa                      : Klenting Kuning? Loh kenopo kok nangis?
Klenting Kuning       : Aku ora diijinke kisah dateng pesta kerajaan, Angsa…
                                   Padahal aku pengen baget nderek, tapi simbok ngutus aku supaya ngrampungke kerjaan omah. Aku ora oleh metu saderenge kabeh gawean rampung…
Angsa                      : Hah, tenane?? Wah kebangetan tanan ke simbok. Yo wis ra usah sedih,, mengko yen simbok karo Klenting-klenting wis tindhaan dateng istana, awakmu tak bantu supaya bisa cepet- cepet ngrampungke gawean omah. Dadi awakmu bisa teka ana istana kerajaan…
Klenting Kuning       : tenane..?? Hore…
Awakmu pancen kancaku paling apik..maturnuwun yo………

ADEGAN 3

Sesoke, pas kabeh wong tindak ning pesta kerajaan pangeran ande ande lumut. Angsa putih teko nuju omahe klenting kuning lan ngrewangi resik resik omah
amarga angsa mahluk sekti, mula kabeh gawen rampung sak lesan.

Angsa          : klenting kuning- klenting kuning ( mlebu omah )
                    Ah, awakmu ki kangelan temen si. Rene ben aku wae sing ngerjake kabeh
                    Sim salabim jadi apa…..
                    Taraaaa,,,,,
                    Sek, sek, sek jo kesusu. Nyo tak ka’i obat
                    Obat iki bakal nulungi kowe, ben gawe yuyu kangkang pingsan sehinggo dewee orak iso ngerayu awakmu dadi pengikute tapi kowe kudu marengke obat iki sakwise kowe diseberangake …. Ok

ADEGAN 4

Sakwise nempuh jarak kang cekap tebih akhiri klenteng klenteng teko ono kali kang ombo dewee bingung meh nyeberang. Akhire de wee di kagetke karo yuyu kangkang
Yuyu kangkang          : putrid putrid seng ayu pak ningendi ……?
Klenteng ijoo             : sopo kowe ….. ?????
Yuyu kangkang          : hahahahaha …… aku si yuyu kangkang penguwoso kali iki panggaweanku nyeberangke wong seng arep nyeberang
Klenteng abang       : waah bejo banget kito arep nyeberang. Kito di undang teko neng acoro pangeran ande ande lumut ing kerajaan seberang
Yuyu kangkang       : weleh weleh kowe kabeh arep takaaku seberangke. Tapi ono eng imbalane
Klenteng Biru          : opo …
Yuyu kangkang       : kowe kabeh kudu gelem dadi pengikutku yen orak glem kowe kabeh nyeberang wae ndewe
Mbok rondo           : yen dadsi pengikutmu opo sing kudu kitoo lakoni
Yuyukangkang        : aku arep mbumbuhake tondo ireng ing batok kowe kabeh
Mbok rondo           : aaah nak ngono wae yo gampang kecill ayo putrid putrid ku kito nyeberang waee
Klenteng all             : : :  ayo … ayoo
Yuyu kangkang       : gocean aku
Yuyu kangakng          : kit owes tekan sesuai perjanjian aku arep nandai kowe kabeh ( mbubuhke tondo ireng eng kowe kabeh )


ADEGAN 5

Sakwise lung one klenteng ijo klentewng abang klenteng biru lan mbok rondo. Yuyukangakng ngeroso seneng amargo pengikute nambah sakteruse yuyukangkang weroh tekone klenteng kuning

Yuyu kangkang       : hore aku entok pengikut
                               Sopo kae ono putrid seng ayu koyone dewee arep nyeberang (nyedai klenteng kuning )
                               Hai cah ayu aku yuyu kangkang kerjaan ku nyeberangke wong seng arep nyeberang kali opo kowe pengen nyeberang kali.
Yuyu kangkang       : ooh yoes aku arep nyeberangke kowe. Tapi aku nduwe sarat seng kudu kowe anuti
Klenteng kuning       : yoeslah sarate opo …..?
Yuyu kangkang       : sarate kowe kudu gelem dadi pengikutku arep tak kai tanda ireng neng batokmu
Klenteng kuning       : eemmm yoeslah seberangke aku ndisek neng kono
Yuyu kangkang       : okee goceki aku kito nyeberang saiki
 (Yuyu kangkang lan klenteng kuning nyeberang kali )
Yuyu kangkang       : nah kito wes tekan lan karo kesepakatan aku arep makai tanda ireng eng batokmu
Klenteng kuning       : eet enteni9 ndisek yuyu sakdurunge kowe maringi tondo ireng eng batomu aku arep maringi sesuatu
Klenteng kuning       : ki permen ajaib permeniki iso nggawe kowe dadi luweh ganteng seko pangeran ande ande lumut.
Yuyu kangkang       : waah gelem gelem gorene permene
Klenteng kuning       : iki nyaa
Yuyu kangkang       : eemm enak enak. (pingsan)
Klenteng kuning       : ( lungo ninggalke yuyukangkang seng pingsan )

   Klenteng abang klenteng ijo klenteng biru lan mbok rondo akhire dugi wonten I istanane ande ande lumut. Dewekke langsung mlebu istana damel nemoni raja.

Mbok rondo lan klenteng all : baginda raja baginda raja
Raja                        : sugeng rawoh ono istanae kawulo

Klenteng abang raja wonten pundit pangeran ande ande lumut kengeng nopo mboten nemoni kito

Klenteng ijo             : iyo kito para klenteng sampun terkenal kalih ayune kito kito yakin pangeran ande ande mesti bakalan seneng kaleh kulo
Ande ande lumut     : aku neng kene
Klenteng biru           : wah pangeran ande nade lumut pilih kulo dados garwo kulo terkenal pinter nari lan ayuu
Ande ande lumut     : yaah kowe pancen ayu, nanging aku ora seneng karo awakmu.
Klenteng abang       : menawi kulo, kulo ugo ayu dalah seksi kulo ugi pinter nembang.
Ande ande lumut     : yooo kulo ngertos nangeng kulo mboten seneng kaleh awakmu

Klenteng ijo pripun me3nawi kulo ke mawon kulo benten kalian mbak ayu ayu kulo kulo meniko klenteng kang sanget ayuu

Ande ande lumut     : senajan kowe ayu kowe udu tipeku
Mbok rondo           : menawi mekaten pangeran trisno tiang wadon engkang luweh sepuh …….???? Menawi kalian kulo pangeran
Ande ande lumut     : addddddddddddddduuuuuuuuuuuuuuhhhhhhhhhhhhhhhhhh
(dumadaan ono suoro klenteng kuning )
Klenteng kuning       : nyuwon sewu nowpow tow kulo saged kepangge ande ande lumut.
  Mbok rondo         :lho kuning kowe ngopo teka mrene. Rono balik kowe nduwe akeh kerjanan omah sing kudu dirampungke. Awas nek during rampung kabeh.
Klenting biru            :ah kowe………keadaan dadi rusak kowe rene ki .
Klenting abang        :bali rono … kowe rag pantes wae ning kene
Ande ande lumut     :enteni sek… sopo jenengmu
Klenting kuning        :kula klenting kuning
Ande ande lumut     :rama …putrid menika menarik panggalib, tur ayu sing penting deweke ora nduweni tanda ireng ing bathuk
Klenting biru            :wonten nopo tho kalian tanda ireng ?
Raja                        :menawi nduweni tanda ireng ing bathuk berarti deweke dadi anak buahe yuyu kangkang
Ande ande lumut     :amarga nanging klenting kuning sing ora nduweni tanda ireng mula kula milih klenting kuning
Klenting kuning        :hore………….
Klenting ijo  :ngosek ….. memange napa tho kaluian tanda ireng iki toh iki naming tanda yen dadi pengikut yuyu kangkang ora dadi perkara
Mbok rondo           :iya … dudu perkara sing gedhi tho
Raja                        :mesti wae dadi perkara. Amarga saka pawarta sing aku krungu yuyu kangkang seneng banget nandai calon bojone karo tanda ireng ning bathuk
Klenting lan mbok rondo; hah…………………………..
Raja                        :dados kalian niki calon istrine yuyu kangkang
Yuyu kangkang       :ha.ha….endi calon bojoku ayo melu aku
Klenting lan mbok rondo: aaaaaaaaaaaaaaaaaaaaah
  1.  Amanat
1. Ing dalem urip sakeluarga kudu rukun lan saling asih marang sederek-sederek.
2. Menawi kita diparingi amanat mula kita kedah netepi amanat punika.
3. Menawi kita nulung wong liya, mboten sae yen kita nyuwun imbalan. Kudu ihklas lan mboten ngarep pamrih.

Comments

Popular posts from this blog

SESORAH

Lirik Ukhuwah Rhoma Irama

ASAL USULE DESA TELUK AWUR JEPARA